Senin, 02 Agustus 2021

PADEPOKAN LINGSIR DIWANGKORO


KEMBANG DEWORETNO

Lagi wae dik, mau awan aku nemu ilmu ikhlas.
Jebul aku urung lulus ale sinau.

Saiki aku ketemu pikir, ikhlas kui sajatine ajarane gusti opo malah kutukane kanggo wong sing sajatine ngoleki ikhlas ?

Wingi aku ikhlas marang sliramu,
Masio awakmu taunan ning Taiwan.
Masio awakmu megar ora konangan.
Masio lemahmu garing kebak suket bradatan.
Dik, aku ikhlas. . . .

Aku urip sengojo mung arep sinau ngilmu babakan ngonokui dik,
Sinau ilmu ajarane Gusti,
Tapi dadi kutukan molo petoko kanggo wong sing sengojo nyinau ngilmu kui. "Penampaku".

Sebab e,
Sakedep moto wae aku ketemu Padang,
banjur sakklebat ndasku koyo dibuntel kulit sono njur digandulne ono ning nduwure woh wohan tebu.
Tandane opo dik ?

Sakkuatku mbukak Lawang ngilmu kui, bakal ilmune soyo mengkurep mlebu jodang sing peteng banget.
Sak jembare alehku ngelar dowo duwure ambekanku,
Malah dadi watuk sing nyengrok gorokan.

Saiki pie ?
Udu molopetoko to?
Nanging malah dadi ukuman.
Aku diukum mergo aku ikhlas.

Opo aku kudu ora ikhlas ?
Sejatine ikhlas kui penampang pie ?

Nerimo,
Meneng wae,
Ngempet,
Opo kepie ?

Padepokan selot tuek.
Butuh ilmu ben tetep ngambang ora gigol,

Bersambung. . . . . . . . . . . . . . . .

0 komentar:

Posting Komentar

www.lowongankerjababysitter.com www.lowongankerjapembanturumahtangga.com www.lowonganperawatlansia.com www.lowonganperawatlansia.com www.yayasanperawatlansia.com www.penyalurpembanturumahtanggaku.com www.bajubatikmodernku.com www.bestdaytradingstrategyy.com www.paketpernikahanmurahjakarta.com www.paketweddingorganizerjakarta.com www.undanganpernikahanunikmurah.com